Senin, 30 Januari 2012

DHALANG KANDHA BUWANA

Dhalang kandha buwana uga disebut Dalang sejati.Mulane jejuluk dhalangkandha buwana, jalaran bisa nyaritaake kahanane jagad gedhe lan jagad cilik. Denekekasih dalang sejati, jalaran wis dadi sari sarining dalang. Dalang kuwasa ambabar kahanan kang isih sinengker ing Jawata. Pranyata Ki Dhalang panjanmane BatharaWisnu. Antarane Ki Dhalang Sejati lawan Barara Wisnu wus nunggal dadi sawiji.Kepriye larah-larahe dene Bathara Wisnu nganti dadi Dhalang Sejati kuwi,mangkene caritane : Nalikane ing kahyangan Jonggirikelase, ya Salendrabawana yaKahyangan Suralaya ana parepatan agung, Bathara Guru kepareng lenggah ing BaleManikmarcukundha. Ingkang sumiwi ing ngarsa Bathara Narada sinambungan sowaneBathara Indra, Bathara Brahma, Bathara Sambo lan Bathara Panyarikan. Ingkangrinembug bab wahanane gara-gara kang nganti sundhul ing Kahyangan. Bathara Gurundangu marang Bathara Narada, apa ing madya pada ana sawenehing kayu kang mawa pamor, apa ana sela kang mawa teja. Yen ana muga kapundhutan sarine kinarya anggantiumpak lan saka guru Bale Manikmarcukundha.Ature Bathara Narada : “Ow, pragenjong-pragenjong, ana waru dhoyong ditegor nguwong, kupat dawa arane lontong, udel dawa arane bodong, ha ha ha. Nuwun inggihadhi guru ingkang amasesa keparenga raka para caos atur. Sarehne ingkang raka kapatahnganglang jagad, wiwit jagad wetan ngantos dumugi jagad kilen, punapa dene jagad eler ngantos dumugi jagad kidul, mboten wonten sela ingkang mawi pamor utawi kajeng By http://www.scribd.com/doc/76457036/DHALANG-KANDHA-BUWANA